Kamis, 31 Mei 2012

Dirgahayu Surabaya!


Dino iki, kutho Suroboyo ulang taun sing ke-719. Aku wes manggon nang Suroboyo 8 taun luwih, ket taun 2004, pas mlebu kuliah nang Unair. Dadi aku wes menyatu banget karo Suroboyo, rasane wes dadi omah kedua.

Suroboyo iku terkenal ”The Hotest City”, tapi yo gak masalah, justru iku senine urip nang kene. Mergo kutho gede, arep golek opo ae onok nang Suroboyo, mulai soko bisnis, pendidikan, fasilitas-fasilitas umum, kuliner, sampek hiburan. Tinggal milih ae, Rek!

Nah, lek krungu istilah BONEK, opo sing langsung onok nang pikiranmu? Pasti "Arek Suroboyo". Wong-wong kutho Suroboyo pancen unik-unik kok! Sek dalam rangka ulang taun’e Suroboyo, iki tak copy-paste'ne tulisan soko berbagai sumber. Asli kocak, iki nggambarne arek Suroboyo banget.

Ciri-cirine Arek Suroboyo nek ngomong iku khas banget, disebut’e Boso Suroboyoan,  gak onok sing madani, to the point, terbuka, tanpa tedeng aling-aling (bloko suto). Ini menunjukkan bahwa Arek Suroboyo terkenal sebagai masyarakat yang terbuka, ramah, apa adanya, dan sangat suka akan humor =D

# Arek Suroboyo lek tukaran mesti ngomong :
"Awas koen yo, delok'en molehmu!"
Lapo..? Ditraktir mangan ta..?

# Lek ngilokno uwong :
"Wuih, wenak koen suarane arek iki, kok gak mbecak ae?"

# Sing lanang, lek ngamuk langsung ngomong :
"Njaluk tak pancal'a ndasmu?!" Sepeda bek'e...

# Lek onok wedok'an ayu, endel, langsung dikomentari :
"Mbooook, mentolo tak gowo moleh ae!"

# Lek nyebut uaaakeh :
"Sak taek ndayak". Koyok ngerti2'o ae...

# Lek disindir karo koncone, langsung ngomong :
"Sakjane koen iku ngenyek, ta ngetrek-etrek?"

# Lek ngomong, ngarepe biasane ditambahi huruf U :
"Uaaakeh, ueeendel, ueeenak, uaaasssuu kok"

# Lek janjian :
"Wis teko endi koen..?"
---> Wes nang dalan iki, diluk maneh.
padahal sik nang omah...

# Lek mari di-iLokno, langsung mbales :
"Ndasmu, ndogmu, bapakmu"
Pokok'e sing onok mu-mu ne...

# Lek suwi gak ketemu konco, langsung ngomong :
"Wah sik urip ta koen, tak pikir wis pitung dinone"

# Lek irunge gatel trus kudu wahing, munine :
Ha..ha..ha..hancookkk..!!

# Lek onok wong pamer :
"Eh aku tuku mobil anyar iki," langsung dijawab :
"SOPO SING TAKOK??"

# Senengane muring-muring nggawe awalan "jam" :
Jamput, jambul, jambret, jambu, dst

# Lek ndelok wedok ayu, langsung ngomong :
"Cok, ayune... Bapak'e sunat nang ndi iku?"

# Lek onok koncone ngomong gak jelas, langsung disauti :
"Koen iku ngomong ta kemu?"

# Lek ngomong, mesti di'kei akhiran A :
"NdasmuA, matamuA, makmuA, mbokmuA"

# Lek krungu koncone ngomong banter, langsung disauti :
"Wuusss, sante ae jon, gak usah mbleyer"

Nah, mesem'o Cak, Ning... ^_^
Piye menurutmu? Bener opo gak??


Yo wes, pisan maneh, Met Ulang Tahun kutho Suroboyo.. Mugo-mugo dadi kutho sing luwih nyaman lan luwih sejahtera soko sakdurunge...
Akhir kata, gawe sing moco: sepurane yo aku nulis iki spontan, kesusu, soale posting'e kudu ditepakno ambek momen iki, dadi ga sempet golek data-data pendukung liyane.. (halah, koyok meh nggawe opo ae)
Hehehe.... :p